Kamis, 24 Januari 2013

Jejaka Langka: Euforia banjir di Jakarta

Jejaka Langka: Euforia banjir di Jakarta: Siang ini, berbekal lagu IGAB-nya GG dan koleksi foto dari hasil jepretannya si Devy yang lagi menikmati banjir di jakarta sektor grogol ak...

Kamis, 01 Desember 2011

JHF - Jogja Istimewa


Holopis kuntul baris holopis kuntul baris

Jogja.. Jogja.. tetap istimewa
Istimewa negerinya… istimewa orangnya
Jogja.. Jogja.. tetap istimewa..
Jogja istimewa untuk Indonesia

Rungokno iki gatra seko Ngayogyakarta
Negeri paling penak rasane koyo swargo
Ora peduli dunyo dadi neroko
Ning kene tansah edi peni lan mardiko

Tanah lahirkan Tahta, Tahta untuk Rakyat
Di mana rajanya bercermin di kalbu rakyat
Demikianlah singgasana bermartabat
Berdiri kokoh untuk mengayomi rakyat

Memayu hayuning bawono
Seko jaman perjuangan nganti merdiko
Jogja istimewa bukan hanya daerahnya
Tapi juga karena orang-orangnya


Jogja Jogja tetap istimewa
Istimewa negerinya istimewa orangnya
Jogja Jogja tetap istimewa
Jogja istimewa untuk Indonesia

Tabur wis ditabuh suling wis muni
Holopis kuntul baris ayo dadi siji
Bareng poro prajurit lan senopati
Mukti utawa mati manunggal kawulo gusti

Menyerang tanpa pasukan
Menang tanpa merendahkan
Kesaktian tanpa ajian
Kekayaan tanpa kemewahan

Tenang bagai ombak gemuruh laksana merapi
Tradisi hidup di tengah modernisasi
Rakyatnya njajah deso milang kori
Nyebarake seni lan budhi pekerti

Elingo sabdane Sri Sultan Hamengku Buwono Kaping IX
Sak duwur-duwure sinau kudune dewe tetep wong Jowo
Diumpamake kacang kang ora ninggalke lanjaran
Marang bumi sing nglahirake dewe tansah kelingan

Ing ngarso sung tulodo
Ing madya mangun karso
Tut wuri handayani
Holopis kuntul baris ayo dadi siji

Sepi ing pamrih rame ing nggawe
Sejarah ning kene wis mbuktikake
Jogja istimewa bukan hanya tuk dirinya
Jogja istimewa untuk Indonesia



Jogja Jogja tetap istimewa
Istimewa negrinya Istimewa orangnya
Jogja Jogja tetap istimewa
Jogja Istimewa untuk Indonesia

JHF - Ora Cucul Ora Ngebul


Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

**
Petruk bingung ngekep bojone
Pikiran nglamun eling gendakane
Pancen kadung rusak negarane
Mula aja gumun nek rakyate kere

Nek wong sugih le gendakan ning hotel sing larang
Bermain cinta lupa daratan ra konangan
Nek wong kere le gendakan ning hotel murahan
Durung nganti anget kena razia kisinan

Nek wong gede konangan selingkuh malah kondang
Nek wong cilik sing konangan diarak telanjang
Apa kaya ngene jeneng negara berjuang
Segala sesuatu ditentukan dengan uang

Pada-pada gendakan hukume dewe-dewe
Pancen hukum kui gendakane wong-wong gede
Wong cilik kerja sengsara ninga tetep kere
Wong gede kemaki urip sak karepe dewe

Lirak-lirik karepe ngejak turu kelonan
Koalisi politike mung perselingkuhan
Beras larang minyak mundak ra karu-karuan
Politike nglambrah mung ribut ngurus gendakan

Mula aja munafik kaya wong-wong politik
Dadia wong seni kritis peduli ro wong cilik
Wong politik munafik ra gelem nampa kritik
Geleme nampa duit cacahe ra sethithik

**
Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

**


Ono kancaku pelukis kluyuran mbengi-mbengi
Pamite lungo jare arep nggolek inspirasi
Ning dalan ketemu karo temon bodine seksi
Kenalan terus gelem digambar ra nganggo klambi

Badhe gambar temone senenge ora karuan
Saking senenge nganti gelem dijak kelonan
Cepet-cepet gage do golek hotel murahan
Lagi grusak grusek lha kok yo ono gropyokan

Sing nggropyok polisi numpak pick up bakul kursi
Tanpa basa-basi kabeh kami disatroni
Banjur dilumpukke do kon antri siji siji
Kabeh digeledah nek ono sing nyolong wadi

Polisine, anda telah berbuat royal
itu artinya anda sudah melanggar moral
Pelukise takon opo moral iku mural
Nek cen kui aku ngerti ayo gek ndang budal

Moral itu adalah batas susila
Siapa yang melanggar akan kena razia
Pelukise takon opo to batas susila
Opo podo karo wanita tuna susila

Polisine muni kepie nek damai wae
Damai kui artine wani piro mbayare
Pelukise nyaut durung perang kok wis dame
Wong durung telanjang lha kok wis di gawe rame

**

Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul

**

Akale wong lanang nek dolan ning Pasar Kembang
Gawe alasan golek aman ben ra konangan
Politik saiki cen seneng maen belakang
Njabane resik jebul jerone selingkuhan

Lumpur Lapindo metune soko Sidoarjo
Bojo loro kabeh kok seneng nggodha
Wis merdeka sih ono kumpeni Londo
Nembaki rakyat, rakyat neng alas Tlogo

Nganggo tangk-top mlaku ning Pasar Bantul
Sangu kates, katese mental-mentul
Rakyat ditembak, ditembak betul-betul
Tapi jare kena peluru mantul

Buah Langsep tuku regane larang
Motore nyungsep, nyungsep ning njero potang
Negara lemes merga kakean utang
Bandane ludes, le nilep pada ilang

Manuk Podang mabur mlebu kurungan
Gage dikancing nganggo gembok kuningan
Ra entek-entek lehku seneng gendakan
Nganti modar nganti tekan kuburan

Kadung remen ceweke Cak Paimo
Cekap semanten niki atur kawula
Ana kupat kecemplung ning njero santen
Menawi lepat kawula nyuwun ngapunten

**
Pak Dul sirahe gundul
Tuku rokok neng Pasar Sentul
Arepo silul kudu wani cucul
Ora cucul ora ngebul
 
..


                                                                                                                                                                Written by : ABIM
                                                                                                                                                               

Sabtu, 26 November 2011

JHF - Jula Juli Lolipop


JULA JULI LOLIPOP – JOGJA HIP HOP FOUNDATION

Reff:     Ngemut permen, permen lolipop
Bunder tur gepeng rasane legi                              
Kepengen beken, pengen dadi ngetop
Karyane laris tur senine mati
Jaman saiki kabeh do blereng matane (ne)
Podo nuruti pasar opo pesenane (ne)
Ngeple wis dadi cara nggo golek pangane (ne)
Seni ra penting sing penting entuk duit’e (e)

Inspirasine wis ilang di pendem mati (ti)
Rasa solidaritase wis podo lali (li)
Karya seni kontemporer jaman saiki (ki)
Mung koyo mut mut’an ning ilat kroso legi (gi)

Sing ditujuni  le rupiah lan dolar’e (e)
Golek cara ben payu laris dagangane (ne)
Karya senine lali nggambarke rakyate (e)
Rakyat sing urip sengsara apes nasib’e (e!)
Reff. 2x
Ono kancaku sing kepengen dadi artis (artis)
Pancen dasar bocahe senengane narsis (narsis)
Banjur tingkah polahe mung sing manis-manis (manis)
Malah koyo permen rasane krinyis-krinyis


Nek tak pikir-pikir kok koyo tukang kayu
Mung waton ngemali opo-opo sing payu
Seni saiki nuruti pasar sing mlaku
Dadi bakulan asal tahu sama tahu
Soyo suwe dodolane kok soyo payu
Tambah sugih wong’e ,urip’e tambah maju
Omah’e dadi gedong di cat werno biru
Gede magong-magong kamar’e ono pitu (eh wolu)
Reff. 2x
Jaman mbiyen isih ngonthel numpak pit untho – saiki wis numpak mobil gedhe tur dowo
Tuku opo opo ra perlu ndelok rego – Padahal ndisik kerep njaluk aku sego
Jaman semono isih ramah karo aku – Kok saiki sikape malih dadi kaku
Ganti hp nganggo hp tipe terbaru – Senengane mung blonjo ro mlaku-mlaku (A**)
Omah’e rame diparani bos kagol
Takon opo ono karya sing siap di dol
Karya seni koyo dagangan jenang dodol
Seni kok soyo mawut wis podo modol

Reff.      Ngemut permen, permen lolipop
Bunder tur gepeng rasane legi                              
Kepengen beken, pengen dadi ngetop                      
Karyane laris tur senine mati



                                                                                                                                      Written by : ABIM